Jumat, 29 Januari 2021

Tembung Garba

Kawruh Basa Jawa :
KARYENAK TYASING SASAMA
---------------------------------
Ing kawruh basa Jawa, tembung  'karyenak' iku aran tembung garba. Tembung garba yaiku saka tembung cacah loro utawa telu sing diringkes utawa dicekak dadi siji, dadi satembung.
Karyenak saka tembung :  karya + enak. ( Karya = gawe )
Tyasing = atine ( Tyas = ati )
Sasama = sesamane = sapadha-padha.
Karyenak tyasing sasama = gawe kepenake atine sapadha - padha (  Membuat hati senang sesama orang ).
Nanging ora saben wong bisa gawe senenge wong akeh kejaba wong kang wis menep atine, seneng laku kautaman. Akeh wong sing malah seneng nglarakake atine wong, ngina, ngenyek, nyepelekake. Nganggep awake dhewe sing paling apik, sing paling bener, sing hebat.
Karyenak tyasing sasama > Dadiya wong kang nyenengake kanthi patrap kang ngresepake saengga wong-wong seneng  bisa antuk bab sing mentes  saka enggone srawung marang sliramu. ( Jadilah orang yang menyenangkan , kembangkan sifat menarik sehingga orang akan mendapatkan sesuatu yang bernilai dari pergaulan dengan Anda ).
Akeh banget cacahe tembung garba. Kayadene :
-sarwendah , saka tembung > sarwa + endah
-maharsi, saka tembung > maha + resi
-prapteng, saka tembung >  prapta + ing
Iku minangka conto anane tembung-tembung garba liyane. Nanging ing tulisan iki ora ngrembug tembung garba luwih jlentreh, mung saperlu njlentrehake maknane tembung 'karyenak tyasing sasama ' kaya kang wis katur ing ndhuwur.--

Saking FB Djajus Pete

Tidak ada komentar:

Posting Komentar