Minggu, 31 Januari 2021

Epigram

CATHETAN ( 2 )
Guritan utawa puisi sing mung rong larik arane epigram. Kaya sing taktulis kanthi judhul PRAHARA iku, arane epigram. Saweneh kanca penulis sastra Jawa kang asmane Moch. Nussjahid Purnomo  (swargi_) kang nalika sugenge dedalem ing Sala, uga nate nulis guritan epigram kanthi judhul Mripat. Ukarane kaya mengkene :

MRIPAT
mripatmu landhep kaya panah
nanging endah.

Guritan nduweni 'gaung' makna sing ora perlu dijelasake dening penulise. Tergantung kepiye pemaose enggone memaknai utawa negesi. Bisa multi makna utawa multi tapsir  ing imajinasine pemaose sing beda-beda tingkat pikir lan rasa senine.
Mripat landhep nanging endah, iku apa? Genah yen ana sambunge karo rasa sengsem, kepranan marang lawan jinis. Mripate landhep gawe nratape ati, ing pandangan pertama. Landhep sing ora gawe tatu , nanging malah krasa endah, nyenengake. Ohhh...,bengine klisikan ora bisa turu, wewayangane tansah kumlebat ing angen-angen.
Ing guritanku Prahara, kapuke rakyat  mabul-mabul ing ngawiyat. Kapuk iku, ing pangerten lugas, kena kanggo kasur, bantal lan amrih awak kepenak. Nanging saka anane prahara, kapuke rakyat mabul-mabul ing ngawiyat. Ngawiyat tegese gegana, papan ing ndhuwur. Mung gawe kepenake  wong-wong ing ndhuwur, kalangan atas, para pejabat elit. 
Prahara iku angin gedhe, angin bisa ateges angine hawa napsu srakah , korup, gawe sengsarane para kawula, rakyat.
Ing sastra Indonesia, penyair Sitor Situmorang, uga nate gawe puisi rong larik sing ngagetake jagading sastra Indonesia. Ukarane : 
malam lebaran
bulan di atas kuburan.
Mangka  ing malam lebaran , rembulan  tanggal  1 Syawal malah ora katon yen ora diteropong. Kok disebutake  bulan di atas kuburan? Iku kepiye maksude? Kaya kang wis taksebut ing ngarep, puisi iku nduweni 'gaung makna terselubung'  sing ora dilentrehake dening penulise. Terserah, kepiye pemaose enggone nyurasa ( memaknai ) miturut imajinasine dhewe-dhewe. -
Kapethik saka FB Djajus Pete

Tidak ada komentar:

Posting Komentar