Senin, 25 Januari 2021

Swara aksara A (a) ing basa Jawa

Kawruh Basa Jawa
--------------------
Swara aksara A (a) ing basa Jawa iku ana rong werna, yaiku : swara aksara 'a miring' lan swara 'a jejeg.  Yen ing basa Indonesia anane swara 'a' mung siji. 
Anak turune wong Jawa kudu ngerti dhisik prakara iki yen  ing basa Jawa ana swara miring lan swara jejeg. Aksarane padha, nanging pangucape beda.  Yen ora ngerti, kaya kang akeh kedadeyan ing jaman saiki, yen weruh tulisan basa Jawa sing nganggo aksara 'a', diwaca kaya unine aksara 'a' ing basa Indonesia. Terus nduweni panganggep yen sing bener nulise latin  basa Jawa nganggo aksara 'o'.  ( Yen ditulis nganggo aksara 'a' mundhak kaya bhs Indonesia jarene, ngeyel methentheng. Hadheh! )
Dadine. tembung sega, ditulis > sego.
Tembung bisa apa, diulis >  biso opo.
maratuwane lara, ditulis > morotuwone loro.
Ing mangka aksara 'a' ing tembung : sega, bisa lan maratuwa  iku dudu 'a' miring, ora kena dipadhakake karo 'a' ing bhs Indonesia. Iku 'a jejeg' kang uga aran 'a nglegana' sing yen diucapake beda swarane.  Mangka wiwit cilik tekan gedhe tuwa lambene  trampil ngucapake swara 'a  jejeg'  utawa nglegena ing basa Jawa. Anehe kok dadi slenca pangertene ing basa tulis, ngowahi tulisan sing wis bener, dadi bubrah.

Limang larik ukara sing takunggah ing kene, A(a) sing kagaris abang ngisore iku aran 'a miring' sing pangucape padha karo pangucape 'a' ing basa Indonesia.

Sumber: FB Djajus Pete

Tidak ada komentar:

Posting Komentar