Minggu, 31 Januari 2021

Ater-Ater Tripurusa

Kawruh Basa Jawa :
ATER-ATER TRIPURUSA
--------------------------
Ing basa Jawa ana ater-ater tripurusa kang cacahe ana telu, yaiku :
1. tak utawa  dak ( tak lan dak padha tegese )
2. kok ; ko utawa mbok ( kok, ko lan mbok, padha tegese )
3. di

Ater-ater iku yen ing basa Indonesia padha karo awalan. Merga aran awalan, nulise kudu digandheng karo tembung lingga ( kata dasar ) sing antuk ater-ater iku. Conto :
1. takgawa = dakgawa ( Ing basa Indonesia : kubawa. Nulise ing basa Indonesia uga digandheng , ora dipisah. )
2. kokgawa = kogawa = mbokgawa  ( Ing basa Indonesia : kaubawa. Nulise ing basa Indonesia uga digandheng,, ora dipisah.)
3. digawa ( Ing basa Indonesia : dibawa. Nulise ing basa Indonesia uga digandheng, ora dipisah ).
Nanging akeh wong kleru nulis  ater-ater 'tak' lan ater-ater  'mbok'  awit nulise dipisah  : tak gawa, mbok gawa. ( Sing bener kaya kang wis katur ing ngarep, kudu digandheng utawa disambung : takgawa ; mbokgawa ,kogawa utawa kokgawa. )
Anehe yen nulis ater-ater 'di' akeh sing bener, digandheng panulise  : digawa ; dipangan ; dikangeni lan sapanunggalane.
Yen ukarane dikramakake, uga tetep digandheng panulise : 
takgawa = kulabeta
mbokgawa = sampeyanbeta = panjenenganasta
digawa = dipunbeta= dipunasta

Sumber: FB Djajus Pete

Tidak ada komentar:

Posting Komentar