Sabtu, 23 Januari 2021

Ater-Ater Tripurusa

Kawruh Basa Jawa :
ATER-ATER TRIPURUSA
--------------------------
Ing basa Jawa ana ater-ater kang aran ater-ater tripurusa kang cacahe ana telu, yaiku :
1. tak = dak
2. kok = ko = mbok
3. di

Ing basa Indonesia, ater-ater iku padha karo awalan. Merga aran awalan, nulise kudu digandheng karo tembung lingga ( kata dasar ) sing antuk ater-ater iku. Conto :
1. takgawa = dakgawa ( Ing basa Indonesia : kubawa,  nulise ing basa Indonesia uga digandheng , ora dipisah. )
2. kokgawa = kogawa = mbokgawa  ( Ing basa Indonesia : kaubawa, nulise ing basa Indonesia uga digandheng,, ora dipisah.)
3. digawa ( Ing basa Indonesia : dibawa, nulise ing basa Indonesia uga digandheng, ora dipisah ).
Nanging akeh wong kleru nulis  ater-ater 'tak' lan ater-ater  'mbok'  awit nulise dipisah  : tak gawa, mbok gawa. ( Sing bener kaya kang wis katur ing ngarep, kudu digandheng utawa disambung : takgawa ; mbokgawa utawa kokgawa. )
Anehe yen nulis ater-ater 'di' akeh sing bener : digawa ; dipangan ; dikangeni lan sapanunggalane.
Yen ukarane dikramakake, uga tetep digandheng panulise : 
takgawa = kulabeta
mbokgawa = sampeyanbeta
digawa = dipunbeta.

Sumber: FB Djajus Pete

Tidak ada komentar:

Posting Komentar