Senin, 17 Desember 2018

Preinan ing Cuban Rois

PREINAN ING CUBAN ROIS

Minggu, 16 Desember 2018.  Watara jam 1 esuk, aku lan kluarga tekan Kutha Batu.  Sawise rembukan ing mushola sacedhake dalan tol, kita mutusake nginep ing hotel wae.  Supaya bisa ngaso lan reresik awak.  
Sepisanan, menggok ing hotel satengene dalan.  Mas Catur enggal mudhun saka mobil.  Panjenengane enggal tumuju ing meja resepsionis.  Takon bla bla bla..., banjur  bali ing mobil.  
"Ana sakamar thok, regane 350.000.  Naging kamare cilik tur ora ana AC lan Kipas angine.  Piye?" Pandangune marang aku lan anak-anakku.
"Em... kamare alit.  Boten wonten AC lan kipas angine, punapa kita saged ngaso Yah?" Kandhaku kurang sarujuk.
"Inggih Yah, pados lintune mawon," tambahe Prabu.  Dheweke kuwi anak mbarepku.
Dening Si Abikara sing lagi asik karo HPne mung meneng wae.  Anak ragilku kuwi ora melu urun rembug.
"Oke... ayo Mas Prabu, googling malih.  Pados hotel ingkang kamare ageng.  Utawi minimal, yen alit nggih wonten kalih kamar," tambahe Mas Catur karo miwiti nglakokake mobile.
Dalan-dalan remeng-remeng ing Kutha Batu dakubengi.  Nanging rata-rata hotel sing dakleboni wis penuh.  Dadine ora nampa tamu maneh.  Jane ana salah sijine hotel ing sacedhake Musium Angkot sing siji kamare kosong, nanging ora oleh disewaake.  Aku ya ora kepibgin weruh, apa sebabe.  Mungkin ya wis ana sing ngenggoni, wujude dudu manungsa kaya umume.  Supaya ora ngganggu, biasane dhedhemit ngono kuwi diwenehi panggonan sakamar. 
Pas jam 2 parak esuk, kita nganti tekan ing Hotel Grand Batu Inn.  Alhamdulillah, sanajan mung kari sakamar, nanging ukurane gedhe banget.  Watara 5X6 meter persegi.  Ambene ya ana loro, kathik ukurane amba.  Dadi cukup yen kanggo wong papat.
Kita banjur mutusna nginep ing kono.  Mas Resepsionis ngeterake kita ing kamar nomer 232, mesthi wae sawise Mas Catur nglunasi pembayarane.
"Selamat beristirahat...," ature wong mau sadurunge ninggalake kamar.
Satekane ing kamar, wong papat langsung bleg sek, ngrnam pangimpene dhewe-dhewe.
Jam papat esuk, alarm ing HP nangekake ak lan Mas Catur. Banjur enggal nggugah Prabu lan Abikara, anak-abakku.  Kita enggal ing mushola saperlu jamaah shalat subuh ing mushola hotel kuwi.
"Ayo Mas, ndang nggogling.  Enake lunga ing ngendi sawise Ibuk lan Ayah ing manten," prentahe Mas Catur marang anak mbarepku.
"Inggih Yah, semedhap.  Kula adus rumiyin nggih?" Jawabe karo nyaut andhuk.  Dheweke langsung mlebu jedhing, sawise krungu ature ayahe, "oke Mas."
Jam 10.00, sawise saka manten.  Kita enggal cek out saka hotel.
"Piye Mas, sida lunga ing ngendi?" Pitakonku.
"Iya Mas, apa ing Musium Angkot wae?" Landangune Ayahe.
"Hem... awis Yah.  Pripun menawi ing Cuban Rois mawon?  Bayare namung sedasa ewu, nanging panggenane katon edi peni," jawabe Mas Prabu.
"Mlebete mirah Mas, bang saben wahana bayar malih," tambahe Abikara. 
"Terus...," pitakonku.
"Wis, ora masalah.  Pokoke preinan ini kabeh kudu seneng," potonge Mas Catur. Kita kabeh sarujuk.
Wao... margi pinuju  Cuban Rois pancen endah.  Sadalan-dalan, kita asring mandheg sedhela saperlu poto.  Ora lali diunggah ing WA lan FB.
Ora suwe, kita wis tekan panggonan wisata.  Akeh wahana sing ditawarake.  Kabeh apik-apik kanggo poto lan nantang adrenalin............................