Kamis, 28 Januari 2021

Aksara "a"

Kawruh Basa Jawa 
--------------------
Aksara 'a' ing tembung  'tresna, desa, kanca, dhadha, gela' aran 'a jejeg utawa ' a nglegena'. Kabeh tembung Jawa sing aksara pungkasan 'a jejeg' yen antuk panambang ( akhiran ), 'a jejeg' iku ing pangucap dadi owah, owah dadi 'a miring' ( kaya lafale 'a' ing basa Indonesia ) .
Ing conto tetembungan sing takturake bisa disemak, aksara 'a' sing kagaris abang ngisore iku 'a miring."
Nanging bocah saiki, padha kleru enggone ngucapake lafale. Upamane : Kanca + ku = kancaku ( aksara 'a' panggah diwava 'a jejeg' ). Ing mangka kaya kang wis takaturake, sawuse tembung iku antuk panambang, 'a' sing maune 'a jejeg' wis owah dadi 'a miring' ing pangucape.
Guru-guru basa Jawa ing sekolahan-sekolahan uga kudu nggatekake prakara iki, ora mung cara nulise nanging uga kepiye lafale yen diucapake miturut paugeran sing bener.

Sumber: FB Djajus Pete

Tidak ada komentar:

Posting Komentar