Sabtu, 23 Januari 2021

Ejaan ta, tha, da lan dha

Ejaann 'dh' lan 'th' ing tulisan latin basa Jawa
-------------------------------------------------
Tulisan latin basa Jawa nggunakake pathokan saka aksara Jawa. Saka cacah 20 aksara iku, ana aksara "da" lan "dha" sarta  ana aksara "ta" lan 'tha' . Iki perlu ngerti luwih dhisik kareben gamblang.
Mula saka iku ing basa Jawa ana ejaan dha (dh) lan tha (th). Ing aksara latin ABCD anane mung aksara 't' lan aksara 'd' ( ora ana aksara sing nganggo ejaan 'dh' lan 'th ).
Conto :
Tembung 'wedi' lan 'wedhi' beda tegese. 
 Wedi =  takut  . Wedhi ( ejaan dh ) = pasir.
Kadang = sedulur. Kadhang (ejaan dh ) = kala-kala ( acapkali )
 Adi = apik, endah.  Adhi ( ejaan dh ) = adhik. 
Putu = cucu.  Puthu (ejaan th ) = arane panganan. 
Soto = arane masakan. Sotho ( ejaan th ) = jotos
Mantuk = kramane mulih. Manthuk ( ejaan th ) = mengangguk.
Tutuk = kramane cangkem. Thuthuk ( ejaan th ) = pukul.
Nenulis iku kudu miturut pathokan utawa paugeran sing bener. Kudu bener enggone nulis ejaan awit yen kleru ejaane bisa nuwuhake pangerten sing beda. 
Ing grup iki akeh para sedulur kang wis trampil nulis basa Jawa. Mung wae, sabenere eman-eman, tulisane wis apik, akeh benere, nanging ora sethithik sing kejeglong yen wis nggepok ejaan dh' lan 'th' iki. 
Kepiye carane ngerteni, endi tembung sing nganggo ejaan 'dh' lan 'th' iki? Carane sing paling gampang, tembunge diucapake luwih dhisik lan rasakakna pucuke ilat nalika ngucapake tembung iku.
Conto :
Coba ucapake tembung putu lan puthu. Nalika ngucapake 'puthu', pucuk ilat nyanthol ing cethak ( samburine untu ndhuwur ). Nalika ngucapake 'thu' pucuk ilat nyanthol, berarti nganggo ejaan 'th' yen arep nulis puthu. Uga nalika ngucapake wedi lan wedhi. Nalika ngucapake di ing tembung wedi, pucuk ilat ora nyanthol.  Nanging nalika ngucapake 'dhi' ing tembung  'wedhi' pucuk ilat nyanthol, berarti ejaan 'dh' yen arep nulis wedhi.
Conto ukara : 
Ejaan dh.
- Dhadhane krasa dheg-dhegan.
- Wite dhondhong akeh wohe.

Ejaan th :
-Katone susah, wiwit esuk thenger-thenger wae.
- Kendhine kothong durung diiseni banyu.
Sumber: FB Djajus Pete, 23 Januari 2021
"

Tidak ada komentar:

Posting Komentar