Selasa, 09 Februari 2021

Tembung lan Seselan

Kawruh Basa Jawa
--------------------
Istilah
-------
tembung = kata 
wanda = suku kata 
ukara = kalimat 
tembung lingga = kata dasar, kata asli 
tembung andhahan = tembung lingga kang wis antuk awalan, sisipan utawa panambang = kata jadian 
ater-ater = awalan 
seselan = sisipan 
panambang = akhiran
Lan isih akeh pangaran utawa istilah liyane ing kawruh  basa Jawa. Bab ater-ater lan panambang kaya ora perlu taksebutake kejaba ngenani seselan awit akeh sanak Jawa sing durung mudheng senajan wis kulina ngucapake utawa nulis.

SESELAN
----------
Ana seselan 'in' lan seselan 'um' kaya  ing ngisor iki, seselane taktulis ing njero kurung.
Seselan in :
k(in)unjara saka tembung 'kunjara' =dipenjara
g(in)awa saka tembung 'gawa" = dibawa
g(in)awe saka tembung 'gawe' = dibuat
t(in)uku saka tembung 'tuku' = dibeli
t(in)ulak saka tembung 'tulak" = ditolak

Seselan im :
l(um)aku saka tembung 'laku' sing tegese padha karo > mlaku.
g(um)andhul saka tembung 'gandhul' sing tegese > nggandhul
g(um)linting  saka tembung 'glinting" sing tegese padha karo gumlethak ( tumrap wong )
g(um)elar saka tembung 'gelar' sing tegese katon digelar ( terbentang ; dibentangkan ).
g(um)ebyar saka tembung 'gebyar" = bercahaya kuat
Cathetan :
Saya akeh kawruh kang dingerteni sawijining penulis, saya akeh tetembungan kang dikuwasani, bakal saya trampil ngrakit wernane ukara ( variasi kalimat ) saengga tulisane ora mboseni tumrap pemaose.

Kapethik saka FB Djajus Pete

Tidak ada komentar:

Posting Komentar