Senin, 01 Februari 2021

Pungkasan Aksara a

Kawruh Basa Jawa
--------------------

Kabeh tembung Jawa sing kasigeg aksara 'a' utawa dipungkasi aksara 'a', kaucapake kanthi lafal 'a jejeg' utawa 'a nglegena'. Mung ana siji tembung Jawa sing kasigeg kanthi 'a miring' yaiku tembung : ora.  Lafal 'a miring' padha karo lafal 'a' ing basa Indonesia.
 Yaiki sing aneh, anane kok mung satembung > ora.
Aksara 'a' iki uga bisa dadi panambang ( akhiran ) ing basa Jawa. Tuladhane :  mangana, mangkata, gelema, turua, lsp. Mung wae isih ana wong-wong Jawa sing nulis kleru marang tembung sing kasigeg 'a' antuk panambang 'a'. Nulise dipedhot utawa diwenehi tandha sambung : aja a / aja-a / mrana a / mrana-a.  Mangka sing bener nulise > ajaa ; mranaa.
Anane dipedhot bisa uga nganggep aneh kok ana tulisan 'a-ne' dhobel, jejer loro. Pancen  kudu katulis mengkono awit panambang kudu ditulis sambung karo tembung sing antuk panambang iku.

Kapethik saka FB Djajus Pete

Tidak ada komentar:

Posting Komentar