Rabu, 10 Februari 2021

Gemi Setiti Nganti-ati

GEMI  SETITI  ANGATI-ATI
-----------------------------
Embah-embahe wong Jawa akeh ninggali pitutur  marang anak putune  supaya kepenak nglakoni urip. Mengkono uga 'gemi setiti angati-ati' sawijining pitutur.
GEMI =  ora ngebreh, ora boros ( hemat ). Akeh wong rekasa uripe saka engggone sembrana nggunakake dhuwite kanggo sing ora perlu, ora penting, kejaba mung kanggo nuruti senenge ati. 
SETITI = tliti, ora ana sing kecicir utawa kesingsal ( tak ada yang tertinggal oleh kecerobohan ).
ANGATI - ATI  =  Wong kudu tansah ngati-ati ing bab apa wae. Kudu tansah waspada jalaran ing urip iki akeh godha sing bisa ngrusak. Ora mung ngrusak dhuwit secara ekonomi, nanging uga ngrusak pikir lan ati.
Gemi thok, ora cukup. Setiti thok uga ora cukup. Ya amarga saka iku, pituture embah-embahe kanthi ukara kang komplit > gemi setiti angati-ati.
Ukara pitutur iku ana sing nyebut kanthi ukara >' gemi nastiti ngati-ati kang ngandhut teges kang padha awit setiti = nastiti ; angati-ati = ngati-ati.
------------------------------------------
Kapethik saka FB Djajus Pete

Tidak ada komentar:

Posting Komentar