Senin, 01 Februari 2021

g utawa k?

Kawruh Basa Jawa
-------------
Isih ana wae sanak kadang Jawa sing klera-kleru enggone nulis ejaan ing tembung-tembung  kang mateni aksara 'k' lan mateni aksara 'g." Upamane :
Kudune katulis 'endhog' ditulis 'endhok'
Kudune katulis 'cocog' ditulis 'cocok'
Kudune katulis 'gubug' ditulis 'gubuk'
Kudune katulis ' kreteg' katulis 'kretek"
Kudune katulis 'ngadeg' ditulis 'ngadek'
Aksara 'k' lan 'g' yen diucapake beda entheng antebe  swara. Yen mateni 'k' swarane entheng. Yen mateni 'g" swarane anteb.. Kanggo mbedakake, amrih ora kleru panulise , bisa diucapake luwih dhisik. Yen swarane anteb genah yen mateni 'g"
(1) Tembung-tembung kang mateni 'k' kang  yen diucapake swarane entheng antara liya :
gagak / jalak / korek / golek / cucuk / ceblok / menclok / mlerok /  pethuk / mathuk / purik lan sapanunggalane.
(2) Tembung-tembung kang mateni 'g' kang yen diucapake swarane anteb antara liya :
bedhug / gubug / gludhug / wareg / ngadeg / mandheg / ambleg / anjlog / mongkog / cocog / reyog / gladhag / lan sapanunggalane.
Cathetan :
Akeh tembung Jawa sing diserap menyang bahasa Indonesia  kanthi owah-owahan ejaan. Tembung sing ing Jawa mateni 'g' ing bhs Indonesia kaowah dadi 'k' Conto :
gubug ( Jawa ) = gubuk ( basa Ind )
bedhug ( Jawa ) = beduk ( basa Ind)
rampog ( Jawa ) = rampok ( basa Ind )
reyog ( Jawa ) = reok ( basa Ind )
ojeg ( Jawa ) = ojek ( basa Ind )

Yen ana wong Jawa nulis nggunakake basa Jawa lan  nulis tembung Jawa sing diweruhi ing basa Indonesia kang wis ngalami owah-owahan kaya mengkono, kleru. Sing bener panulise kudu kanthi ejaan kaya asline ing basa Jawa.-
( Bojonegoro, 29 Januari 2021 ).-

Kapethik saka FB Djajus Pete

Tidak ada komentar:

Posting Komentar