Senin, 15 Februari 2021

Parikan

Kawruh basa Jawa :
PARIKAN
----------
Ing kawruh basa Jawa ana sing aran parikan utawa pantun yen ing basa Indonesia. Ana parikan rong larik lan uga ana parikan patang larik. Parikan ora mung kudu cocog dhong-dhinge swara ( bunyi ) nanging ana etungane guru wilangan ing saben larik. Guru wilangan yaiku  cacahe wanda (suku kata) ing saben larik. Sing lumrah guru wilangane 4 utawa 8.
Tuladha :
Parikan rong larik :

wedang bubuk , gula klapa 
ora mathuk, klewa-klewa.
Katrangan :
Tembung > gula bubuk /gula klapa / ora mathuk / klewa-klewa/ dumadi saka 4 wanda. Utawa yen dietung kabeh ing saben larik,cacahe ana 8 wanda.
pipimu ana upane ( 8 wanda )
atimu piye rasane ( 8 wanda )
--------------------------------
Parikan patang larik :
gathutkaca pringgondani ( 8 wanda )
kang petruk irunge dawa ( 8 wanda )
semaya aja nyidrani ( 8 wanda )
yen pethuk ing ati gela ( 8 wanda )
--------------------------------
Parikan isi pasemon, kanggo  gegojegan nglipur ati. Ing kesenian tayub akeh banget parikan sing dilagokake dening ledheke ( penari tayub). Mengkono uga para kuli lan sanak kadang tani ing sawah yen kumpul kanca-kancane, ana sing seneng parikan kanggo guyon kena kanggo tambane awak kesel.
Parikan mawa etungan 4 - 8 iku mau wis dadi aturan carane nggawe parikan wiwit  jaman embah-embahe wong Jawa biyen. Nanging ing jaman sateruse, tekan saiki, akeh parikan tanpa etungan guru wilangan 4 - 8 iku mau, arane parikan bebas, sing penting dhong-dhinge swara ( bunyi ) cocog.
Tuladha parikan bebas :
kidul kali lor kali ( 7 wanda )
arep nyabrang gak ana uwote ( 10 wanda )
kidul gati lor ya gati ( 8 wanda )
taktimbang-timbang padha abote ( 10 wanda ).
----------------------------------------------------
semarang kaline banjir ( 8 wanda )
aja sumelang yen ora takpikir (11 wanda )
----------------------------------------------------
theklek kecemplung kalen ( 7 wanda )
timbang golek aluwung balen ( 9 wanda )
----------------------------------------------------
pabrik kurang pipane ( 7 wanda )
aku mboktampik kurang apane ( 9 wanda )

Kapethik saka FB Djajus Pete

Tidak ada komentar:

Posting Komentar