Kamis, 29 Oktober 2020

Udan Esuk, Buku lan Gedhang Godhog

Udan Esuk, Buku lan Gedhang Godhog
Dening: Emi Sudarwati
Tletik-tletike toya wening ing paving
Kang kebak bledug endhut lumut
Nggiles sakehing prasangka jroning dhadha
Kang sasuwene Iki dadi sanggan panguripan bebrayan agung
Sumribite samirana ngobat-ngabitake pang-pang garing lan godhonh-godhong ijo royo-royo
Siji mbaka siji semburat kagawa mlumpat
Nanging wit Pelem kuwi panggah ngadheg jejeg
Gagah prakosa katon edi
Nambahi endah sesawangan esuk Iki
Nalika udan wus nilarake banyu ngombe
Kanggone umat ing bumi kang katelak mangsa.
Udan Esuk Iki
Amung ana buku lan gedhang godhog kang setya ngancani
Ngenam pangimpen rina banget mubra
Ngecet godhong ijo dadi royo-royo
Ngrembuyung lan mupangati mring sasama.





Tidak ada komentar:

Posting Komentar