Senin, 19 Oktober 2020

SRENGENGE ESUK

SRENGENGE ESUK
Dening: Emi Sudarwati
Dakjumputi kecik awerna Cemeng
Tinandur ing lemah bera nela tur aking
Memuja lan memuji mring Gusti
Mugya Thukul ngrembuyung dadya wit sawo
Banyu udan nelesi Teleng
Najan sakeplasan arupi grimis
Srengenge esuk sumunar kencar
Aweh pepadhang jagad gumelar
Tinuntun laku becik najan satlenik
Dhuh Gusti nyuwun pituduh
Dalan padhang jingglang kena disawang
Tebih saking rubeda lan pepalang

26 Desember 2020



Tidak ada komentar:

Posting Komentar