Senin, 06 November 2023

Idini Aku dadi Amaris

Idini Aku dadi Amaris
Dening: Emi Sudarwati
Mangsa rendheng udah grimis
Njalari ati kairis
Durung isa bali krana isih duwe janji
Mulang nulis bocah-bocah ben ketara wasis
Ngudi kawruh literasi ning kentekan mangsi
Kembang Amaris dadi seksi
Nguntapake rasaning ati
Kaya gong lumaku tinabuh
Ngalor ngidul, ngetan ngolon
Nambani ati Ketaton
Dhuh Gusti
Idini aku njilma dadi kembang Amaris
Thukul edi ing mangsa rendheng

Baureno, 5 November 2022





Tidak ada komentar:

Posting Komentar