Senin, 06 November 2023

NGUDARASA

NGUDARASA
Dening: Emi Sudarwati
Mas lungguha kene
Idenana dak nyeleh sirah iki ing pangkonmu
Nguntapake lelakon urip esuk mau
Katemben wae keblasuk pangimpen ing tegal bera
Kebacut dak sebar winih kembang Pitung rupa
Ngudi kawruh literasi dumadak basi
Mas lungguha kene
Idenana aku nyendhekake sirah ing pundhakmu
Mustaka kang sansaya abot sanggan paraning
Nggondheli balung tanpa isi
Dhuh Gusti nyuwun pituduh
Margi pener minangka tenger
Ingsun amung mbacutake lakon kang kabacut mrucut
Mugia wonten srengenge abyor
Supaya ora bacut keblinger
Kagubet endhuting paseduluran
Mblasuk ing dalan peteng.

Baureno, 28 September 2020

Rahayu

4 komentar: