Senin, 06 November 2023

Telung Wengi ing Alana

Telung Wengi ing Alana
Dening: Emi Sudarwati
Wakil telung propinsi
Jawa Wetan
Jawa Tengah 
Lan DIY
Telung wengi patang dina
Manunggal ana Hotel Alana
Gumregah ing tekad
Kabudayan Jawa anjayeng bawana
Saka saptagati tumuju kabudayan global
Lungguh, suguh, gupuhe pra panitya
Sri Sultan Hamengku Buwono
Jeng Gusti Ayu Mangkubumi
Kranan Pambayun
Pepak pinarak kanthi rancak
Ganjar Pranowo gubernur Jateng
Profesor, doktor kaaran para akademisi
Siswa, guru, sastrawan lan budayawan
Saiyeg saekapraya
Budaya Jawa nglanglang jagad
Rahayu
Rahayu
Widada
Yogyakarta, 15 Nopember 2022



Tidak ada komentar:

Posting Komentar