Rabu, 15 September 2021

UTS Kelas IX

PTS Kelas 9
Pilihen wangsulan sing paling bener!
1. Uwuh kang ana ing masyarakat bisa kaperang dadi pira?
A. Loro
B. Telu
C. Papar
D. Lima


2. Uwuh organik bisa diolah dadi apa?
A. Kompos
B. Bahan urugan
C. Fosil
D. Watu akik


3. Plastik, wesi, lan kaca kalebu uwuh .....
A. Organik
B. Anorganik
C. Campuran
D. Gas

4. "Simbah arep lunga menyang endi?". Ukara kasebut Yen diowahi dadi Basa Krama Alus dadi....
A. Simbah arep tindak menyang endi?
B. Simbah arep kesah menyang endi?
C. Simbah badhe kesah menyang pundi?
D. Simbah badhe tindak dhateng pundi?

5. Yen nulis angka Jawa lumrahe migunakake....
A. Pada pangkat
B. Pada lungsi
C. Pada Lingsa
D. Adeg-adeg

Pilihen luwih saka siji wangsulan sing bener!
6. Uwuh sing ora diopeninkanthi becik bakal nuwuhake sakehe masalah.  Ing antarane....
A. Ambu ora enak
B. Lelara
C. Reretu
D. Kompos

7. Masyarakat Jawa kondhang kaloka ing Babagan seni budayane kang adiluhung.  Kesenian Jawa kang sumebar ing masyarakat iku maneka warna. Ing antarane:
A. Orkes
B. Lodrok
C. Kethoprak
D. Wayang wong

8. Kethoprak lan ludruk mujudakr saperangan kesenian tradisional kang isih urip lan ngrembaka ing masyarakat Jawa.  Kesenian Iki sanajan wis ninggal jaman kencana rukmine, Nanging bisa kita temoni ing satengahe masyarakat.  Diarani seni tradisional amarga....
A. Seni kalorone nggelar crita jaman biyen
B. Seni kalorone senengane wong ndesa
C. Kairing kesenian tradisional wujud gamelan sarta tetembangan
D. Migunakake Basa Jawa lan busana klasik

9. Apa sing mbedakake antarane ludruk lan kethoprak?
A. Kethoprak migunakake Basa Jawa ragam Solo-Jogja
B. Kethoprak migunakake Basa Bojonegaran
C. Ludruk migunakake Basa Surabayan
D. Ludruk migunakake Basa Bojonegaran

10. Kethoprak lair watara taun pira, lan ing ngendi?
A. 1920
B. 1930
C. Solo
D. Bojonegoro

11. Apa wae lakon crita kang diangkat ing pagelaran kethoprak?
A. Crita tangis-tangisan
B. Maneka warna panguripan ing bebrayan
C. Crita ngenani panguripan padinane warga biasa
D. Crita ngenani panguripane kluarga kraton

12. Crita pagelaran kethoprak akeh banget.  Umpamane....
A. Crita Rakyat
B. Dongeng
C. Babad
D. Legenda

13. Tuladha Irah-Irahan critaning pagelaran kethoprak kang adaptasi saka negara manca yaiku....
A. Sarip Tambak Asa
B. Shakespeare
C. Sampel Eng Tay
D. Panji Asmarabangun

14. Tuladha Irah-Irahan critaning pagelaran kethoprak kang njupuk saka buku yaiku....
A. Darma-darmi
B. Warsa-warsi
C. Dina-dini
D. Warna-warni

15. Crita sing babonane saka crita Panji yaiku....
A. Angling Darma
B. Panji Asmarabangun
C. Dama-darmi
D. Warsa-warsi

16. Crita Klangenan masyarakat bisa arupa....
A. Crita sing gawe bener
B. Crita tumindak jujur
C. Crita pahlawanan
D. Crita paprangan

Pilihen wangsulan sing paling bener!
17. Gagasan pokok kang dikembangkan dadi crita ing pementasan kethoprak diarani....
A. Tema
B. Alur
C. Setting
D. Penokohan

18. Gambaran swasana lumakuning crita kang ginelar . Dumadi saka gegambaraning panggonan, gegambaran wektu, lan gegambaran swasana nalika Prastawa dumadi kasebut....
A. Tema
B. Alur
C. Setting
D. Penokohan

19. Tata urutan lumakune crita ing naskah utawa pagelaran kethoprak.  Kawiwitan saka pengenalan tokoh utamane, tuwuhe masalah kang dialami tokoh utama, ngrembakanr masalah kang saya ngambra-ambra ndadekake crita saya muyeg, nganti mbledhose Prakarya utawa masalah mau minangka klimaks-e, diarani....
A. Tema
B. Alur
C. Setting
D. Penokohan

Wangsulana pitakon-pitakon Iki kanthi cekak aos!
20. Nggambarake sapa sing dadi rol utawa paraga utama, para panyengkuyung, sarta nggambarake kepriye watak lan sipate saben tokoh diarani....

21. Pesen moral kang kinandhut ing crita utawa pementasan kethoprak.  Pesen moral Iki kang sabanjure bisa dadi tuntunan tumrap sapa bar kang nonton, kasebut....

22. Kaya dene sawenehe pementasan, kethoprak uga nengenake....

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor Iki kanthi gamblang!
23. Sasuwene sinau kanthi cara daring saka ngomah. Awakmu mesthi akeh ngalami kedadean sing bisa kok critakake marang wong liya.  Coba ceritakan salah siji pengalaman sing paling nabet ing atimu!

24. Gawea teks naskah drama Modern kanthi tema, "Urip ing Mangsa Korona."

25.  Gawea teks geguritan kanthi tema, "Adiwiyata lan pembiasaan Urip sehat."

Sugeng makarya. Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar