Rabu, 15 September 2021

UTS Kelas VII

Pilihan wangsulan sing paling bener!
1. 23 Yen dikramakake dadi....
A. Kalih dasa tiga
B. Kalih dasa tiga likur
C. Tiga likur
D. Tigang likur

2. Ukara "Aku arep adus," Yen dikramakake dari....
A. Kula badhe adus
B. Dalem badhe adus
C. Kula badhe siram
D. Dalem badhe siram

3. Ukara "Bapak arep adus," Yen dikramakake dari....
A. Bapak badhe adus
B. Rama badhe adus
C. Bapak badhe siram
D. Rama badhe siram

4. Ukara "Aku arep ing mburi," Yen dikramakake dari....
A. Kula badhe ing jedhing
B. Dalem badhe ing jedhing
C. Kula badhe dhateng wingking
D. Dalem badhe dhateng wingking

5. Ukara "Bu Guru wis teka?" Yen dikramakake dari....
A. Punapa Bu Guru sampun rawuh?
B. Napa Bu Guru wis rawuh?
C. Apa Bu Guru wis rawuh?
D. Punapa Bu Guru wis rawuh?

Pilihen luwih saka siji wangsulan sing bener!
6. Gunung Bromo yaiku....
A. Sawijining objek wisata ing Jawa Tengah
B. Sawijining objek wisata ing Jawa Timur
C. Wisata sing nengsemake tumrap para wisatawan domestik
D. Wisata sing nengsemake tumrap para wisatawan saka manca negara

7. Ing pucuke Gunung Bromo Katon kawah sing ajeg nyemburake....
A. Geni
B. Kukus
C. Api
D. Toya

8. Nalika ngliwati segara wedhi ing Gunung Bromo, bisa ndeleng bisa ndeleng papan ibadahe Suku Tengger sing ngikut agama ...... Lan bangunan kasebut diarani......
A. Hindu
B. Budha
C.  Pura luhur poten
D. Wihara

9. Ciri-ciri teks tanggapan dheskriptif yaiku ....
A. Nggambarake panggonan, wong, barang, utawa kahanan nganggo pancadriya.
B. Tujuane supaya wong sing maca bisa gawe ringkesan crita.
C. Tujuane supaya wong sing maca kaya-kaya melu ngrasakake utawa ndeleng dhewe marang objek sing didheskripsekake.
D. Ciri-ciri objek diterangake kanthi gamblang lan rinci.

10. Tembung aran yaiku Tembung sing berangkat sakabehe jenenge barang, utawa kang dianggep barang.  sing kasat mata tuladhane....
A. Gunung
B. Jaran
C. Sesawangan
D. Kabudayan

11. Tembung aran sing ora kasat mata tuladhane....
A. Gunung
B. Jaran
C. Sesawangan
D. Kabudayan

12. Tembung kriya yaiku Tembung sing berangkat pagawean.  Apa wae tuladhane?
A. Ayu
B. Panas
C. Turu
D. Nulis

13.  Tembung kahanan yaiku Tembung sing berangake watak, sipat, kan kahanane samubarang.  Apa wae tuladhane?
A. Ayu
B. Panas
C. Turu
D. Nulis

14.  Tembung katrangan yaiku tembung sing nerangake Tembung aran, Tembung kriya, lan Tembung kahanan.  Apa wae tuladhane?
A. Saiki
B. Akeh
C. Sesuk
D. Saithik

15. Tembung wilangan yaiku Tembung sing nerangake cacahr utawa jumlahe barang lan pepangkatan.  Apa wae tuladhane?
A. Saiki
B. Akeh
C. Sesuk
D. Saithik

16. Tembung sesulih yaiku Tembung sing dadi sesulih utawa gantine wong, kewan, barang utawa sing dianggep barang.  Apa wae tuladhane?
A. Aku
B. Ing
C. Dheweke
D. Menyang

Pilihen wangsulan sing paling bener!
17. Tembung ancer-ancer yaiku... 
A. Tembung sing dinggo nggandheng gagasan loro utawa luwih
B. Tembung sing dinggo menehi sesilah utawa sandhanganr Tembung aran sing wis genah
C. Tembung sing nerangake rasa pangrasa
D.Tembung sing dianggep nyambung Tembung kriya Karo panggonan.

18. Tembung paggandheng yaiku....
A. Tembung sing dinggo nggandheng gagasan loro utawa luwih
B. Tembung sing dinggo menehi sesilah utawa sandhanganr Tembung aran sing wis genah
C. Tembung sing nerangake rasa pangrasa
D.Tembung sing dianggep nyambung Tembung kriya Karo panggonan.

19. Tembung Panyilah yaiku....
A. Tembung sing dinggo nggandheng gagasan loro utawa luwih
B. Tembung sing dinggo menehi sesilah utawa sandhanganr Tembung aran sing wis genah
C. Tembung sing nerangake rasa pangrasa
D.Tembung sing dianggep nyambung Tembung kriya Karo panggonan.

Wangsulan kanthi cekak aos!
20.  Tembung sing durung owah saka asale diarani...

21. Tembung sing wis owah saka asale diarani....

22. Tembung andhahan kaperang dadi pira?

Wangsulana kanthi nulis Ringkesan critane!
23. Critakna sejarahe Raden Ajeng Kartini!

24. Critakna sejarahe Ki Hajar Dewantara!

25. Critakna ringkesan Wacan kanthi Irah-Irahan Gathutkaca sing ana ing buku paketmu!






Tidak ada komentar:

Posting Komentar