Jumat, 04 Juni 2021

Sunarti

Jenenge SUNARTI.  Aku biasa nyeluk dheweke, Sun.  Kanca SD sing wis puluhan taun ora nate kepethuk.  Wonge saiki dodolan lonthong pecel + lodheh ing sakidule Mbah Buyut. Wong Tlanak utawa sakiwa tengene mesthi weruh panggonan kuwi.  Saben taun ing Sasi Agustus, ing kono ana adicara budaya kang ora baen-baen.  Wong asli Tlanak akeh2e mulih nalika adicara Nyadran kuwi.  Sanajan manggone wis adoh ing manca.  
Bali maneh ing urusan lonthong.  Jare anak2ku, lan uga dulur2ku.  Durung nate nemoni lonthong pecel+lodheh kang enake ora jamak kaya iki.  Regane ya murah banget.  Aku pesen limang bingkus, ditambah peyek lan gimbale sakresek.  Lha kok mung diregani selawe ewu.  Pranyata sakbungkus wae loh isa dicanjak wong loro.  Sik kewaregen.  "Lho kok murah men?" putakonku sinambi guyon.  "Wis ta biasa, nang ndesa.  Arep adol larang, ya sapa sing arep nukoni," jawabe karo mringis.  Rumangsaku rupane lan gayane kok ya sik pancet kaya jaman SD kae.  Dadi kelingan, biyen asring sinau bareng ing daleme Mbahku.  Pungkasaning wektu.  Sadurunge pamit aku nitip salam marang Mbak Sunah, Epi, Jumisih lan Tutik.  Kanca sinau lan dolanan nalika isih sekolah ing SDN Tlanak 2.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar