Jumat, 25 September 2020

Sengkuni

Sengkuni panas atine.  Krungu Yen Guru Durna maringi kapitayan marang Kinanthi dadi ketua panitia lomba Maca Gurit.  Potokopi proposal kang wis ditapak asmani kepala dhinas sanalika dikruwes.  Banjur ngrudapeksa supaya Guru Durna mbatalake Adicara lomba kasebut.  Wong tuwa kuwi bingung banget.  Amarga proposal lan wara-wara wis kebacut sumebar.  Akeh siswa SD lan MI kang padha daptar.

Sengkuni golek cara.  Kepriye  supaya Adicara lomba Maca gurit kuwi batal.  Dhweke lan Guru Durna banjir merak sowan marang dhinas pendhidhikan.  Matur marang Pak Kabid lan Pak Kadis.  Supaya mbatalake idi marang Adicara lomba kuwi.  Jalaran Saiki isih usum Corona.  Yen nganti nglumpukake bocah akeh, bisa mbebayani.  Kanthi alasan kuwi, panjenengane sarujuk.  Guru Durna banjur ngumumake ing grup panitia yen panjenengane katemben dipanggil Bapak Kadis.  Diutus mbatalake lomba.

Kinanthi rumangsa kaget.  Lha wong dheweke, Arjuna lan Srikandhi sing ngaturake proposal ing dhinas.  Bareng mbatalake kok sing katimbalan Guru Durna?  Dheweke matur ngenani apa kang ngganjel ing batine marang Arjuna lan Srikandhi.  Iki mesthi ana kang ora pener.  Nalika kepethuk Pak Kabid,  Arjuna kumawani Takon, "mereka dipanggil apa menghadap?"
Kanthi tegas Pak Kabid mangsuli, "oh... Mereka menghadap."

Tidak ada komentar:

Posting Komentar