Sabtu, 26 September 2020

ATI KELARA-LARA

ATI KELARA-LARA
Mas lungguha ing cedhakku kene
Idini dakseleh sirah iki ing pangkonmu
Nguntapake lelakon urip sing lagi wae takprangguli
esuk nalika Srengenge sumunar kencar 
Yagene jangkah iki
keblasuk-blasuk  
pangimpen sing dakdhedher ing tegal bera
wis daksebar winih kembang Pitung rupa
Ngudi kawruh literasi dumadakan dadi langge tan kanyana


Mas lungguha ing pinggirku kene
Idini aku semendhe ing pundhakmu
Pacoban sing daksunggi sansaya abot sanggan paraning 
Nggondheli balung tanpa isi

Dhuh... Gusti nyuwun pitudhuh
Margi pener minangka tenger
Ingsun mung mbacutake lakon kang kabacut mrucut 
ning isih ana tali tetalining rasa kang bapoh nuhoni ilining sedya
Mugya wonten srengenge abyor
Supaya ora kebacut keblinger
Mblasuk ing dalan peteng
Kagubet endhuting paseduluran.

Baureno, 27 September 2020

5 komentar: