Sabtu, 26 September 2020

Mitra Samin

MITRA SAMIN
Dening : Emi Sudarwati
Mitraku sinebut Wong Samin
Minagka cecitraning kamardikan jati
Paring tanpa pamrih
Tan maelu timbal balik
Nadyan tansah dianggep cidra tur ala
Mitraku ora dadi ngapa
Apa artine mahkota kanggomu?
Mitraku tan butuh kursi dampar kencana
Apa arti donya brana kanggomu?
Mitra Saminku tan butuh emas picis raja kaya
Jujur jujur lan jujur
Kabeh kuwi kanggomu ngluwihi donya brana lan kalungguhan
Watak wantahmu kadya mercusuar
Handadekake aku tansah mongkog
Lathimu, kuwi minangka atimu
Tanpa ngilmu, ananging lurus laku
Nangkis prasangka 
Ngugemi budaya adi luhung
Sanajan akeh kang ngendha kuna
Tebih mring gebyaring bumi loka
Nanginging mitraku
Kanggoku sliramu mulya ing bebrayan agung
Donya tumekeng delahan.
Baureno, 03 September 2020

SAMIN, SAUNI-UNINE
Dening : Emi Sudarwati
Kelingan jaman semana
Nalika aku isih ngudi kawruh aneng kana
Adoh saka bumi Bojonegoro
Ya panggonanku luru sandhang, pangan lan papan
Jenenge Samin
Kaaran Nyamin
Wektu iku, Wong Samin dianggep papa
Wong Samin dikira nistha
Ndesani lan ngisin-isini
Wis embuh, sauni-unine
Nanging saiki
Bareng aku urip lan makarya ing kene
Ya ing bumi Bojonegoro
Nyaketi kadang Samin
Nyedhaki mitra kinasih
Sinau tata cara lan suba sitane
Jebul Wong Samin mulya wekasane
Samin, sauni-unine minangka gambaraning atine
Samin. Sauni-unine minangka wujud olah rasa lan pikir
Mila mitraku, aja gampang sira nyepelekake
Kadang Samin tansah ngugemi
Tata krama lan tata susila
Samin sauni-unine
Ya Samin. 
Baureno, 03 September 2020

MANGSA BEDHINDHING
Dening : Emi Sudarwati
Sumriwing hawa atis
Rumesep tumekeng balung sungsum
Nalika nunggang kapal saka ketapang
Tumuju Gilimanuk
Nepusi janji rikala semana
Ya janji kang daksampirake
Sandhuwure pang-pang aking
Bakal bali bebarengan
Kulawangsa tuwin kadang konang
Ketapang, 1 Juli 2020

HAIKU JAWA
Dening : Emi Sudarwati
Kepireng takbir
Saking masjid lan kliling
Sugeng riyadin.
Nata rengginang
Permen kacang lan marning
Suguhan bada.
Nyepakke amplop
Nyangoni bocah cilik
Nambahi berkah.
Ja nganti klalen
Jakat lan pitrah nira
Reresik badan.
Cumepak oncor
Nggo takbir kliling desa
Muji Gustiku.


Bakda shalat id
Nyuwun gung pangapura
Sedaya lepat.
Masak ketupat
Lonthong sayur ra keri
Nggo dhahar kembul.
Baureno, 04 Juni 2020

HAIKU INDONESIA
Dening : Emi Sudarwati
Di sekolahku
Pada hari pertama
Pagu tlah penuh.
Banyaklah anak
Calon peserta didik
Sangat kecewa.
Dua kalinya
Calon siswa pendaftar
Pasti tertolak.
Bulan ramadhan
Kaki begitu ringan
Menuju masjid.
Bulan yang lain
Kaki begitu berat
Menuju masjid.
Baureno, 29 Mei 2020

TEBANG PILIH
Dening : Emi Sudarwati
Sumitra...
Aja gampang ulap mring ukara
Dina-dinane lagi kebak pepaes
Ngapa-apa kasulap edi
Katon endah ing warni.
Baureno, 16 Maret 2019

Biografi Penulis
Emi Sudarwati.  Lahir di Lamongan, 20 November 1975. Mengajar Bahasa Jawa di SMPN 1 Baureno-Bojonegoro, Jatim.  Prestasi tingkat nasional Juara 1 Lomba INOBEL (Inovasi Pembelajaran) kategori SORAK (Seni, Olah Raga, Agama, Muatan Lokal dan Bimbingan Konseling) tahun 2016.  Penerima penghargaan Guru Kreatif Balai Bahasa Jatim tahun 2015.  Koordinator grup patungan buku guru Indonesia. Pegiat Literasi Guru dan Siswa Indonesia.  Buku tunggal karyanya : Novel Ngilon (2014), Inobel (2017), Novel Kinanthi (2017), Kumpula Cerpen Rona Hidup (2018), dan Novel Petualangan Siswa Indigo (2018). 


 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar