Sabtu, 18 Juli 2020

Kuncir Kutang

KUNCIR KUTANG
Dening: Emi Sudarwati
Jam pitu kurang sepuluh menit.  Kinanthi enggal nyaut andhuk lan mlebu jedhing.  Mahasiswi semester akhir iku sedhela maneh ana jadwal kuliah on line.  Ing mangsa corona iki, kabeh mahasiswa pancen kuliahe nganggo modhel daring.  Ora perlu nganggo teka ing kampus kaya adate.

Tekan jedhing, bocah wadon iku langsung cucul sandhangane.  Dumadakan bocahe lali ora nggawa karet kanggo nguncit rambute.  Tinimbang ribet, langsung wae nyaut kutange.  Banjur diundhel-undhel kanggo kunciran.  Supaya rambute kang dawane sangisore pundhak ora teles.  Bubar adus langsung klamben lan metu saka jedhing.  Krana wis jam pitu, dheweke enggal mbukak aplikasi zoom ing HP-ne. 

Kuliah on line lumaku watara setengah jam.  Ujug-ujug ana salah siji mahasiswa sing ngacungake tangane.  Jenenge Yudianto.
“Mangga Mas Yudhianto.  Badhe tangklet napa paring panyaruwe?” pandangune Pak Dhosen.
“Em... a... a... anu Pak....”  sumaure Yudi pringas-pringis.
“Kok klagepan, ana apa Mas?” pandangune Pak Dhosen karo mesem.
“Menika kula screenshots.  Lakok ketingal kinanthi ngangge kuncir kutang.  Ha ha ha...,” sumaure.  Pak Dhosen lan kancane sakelas padha ngguyu kepingkel-pingkel.  Kinanthi kisinan banget.  Bocah wadon iku langsung nyaut jilbab sing cumenthel ing sisihe.

3 komentar: