Rabu, 22 Juli 2020

Dlumukan

Dlumukan
22 Juli 2020
Watara rong Minggu kapungkur.   Kinanthi ujuk-ujug ditawani nganakna webinar dening Bu Pengawas.  Asmanipun Bu AningWulandari. We lha dalah.  Kamangka dheweke durung duwe pengalaman Babagan Iki.  
Nanging sajake Bu Aning rada meksa.  Maringi pangerten Yen Kinanthi duwe kanca-kanca kang mumpuni babagan virtual ngono kuwi.  Mula dheweke banjur Takon carane marang Pak Fathur Rohim.  Kepala SMPN MT sing wis luwih dhisik nganakna webinar.  Kepeneran Kinanthi ya Melu dadi peserta.  Bla bla bla... Jebule kok ya ribet.  Nanging tekade wis bunder, kepingin obah saisane kanggo pendhidhikan ing Bojonegoro.

Sesuke Kinanthi WA Pak Kadis, nyuwun idi arep nganakake Adicara kasebut.  Pranyata Pak Dandi sarujuk lan kersa paring tapak asma ing sertifikat peserta.   Sawise iku, kanthi esem lega wanita iku banjur WA Pak Widodo Slamet, Pak Ajun Bojonegoro, Pak Yonathan Rahardjo, Bu Ellisabeth Vitta lan Kak Said Edi Wibowo.  Puji syukur mitra rakete dha gelam ngrewangi.  Sanajan Kabeh Iki ora ana bayarane.  Amarga webinar iki pancene gratis.  Peserta ora kena prabeya sarepisa.  

Lha supaya adicara lumaku rancak tanpa pambengan.  TIM kuwi nganakna rapat, uga virtual.  Nganggo aplikasi zoom.  Kaya sing arep dinggo suk tanggal 30 Juli.  Rapat durung kawiwitan.  Ujug-ujug Mak pet.  Lampune mati.  Nanging rapat tetep lumaku kanthi apik, sanajan dlumukan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar