Senin, 10 Oktober 2022

Gegurita Lomba Bulan Bahasa

Geguritan Pilihan
GRIMIS ESUK
Dening: Emi Sudarwati
Esuk iki
Grimis kadya disuntak alon-alon
Angen-angen pating pencolot
Mbrubul saka jroning sacingkir kopi putih
Legi manis, mapag tekaning imajinasi
Mumpung esuk iki prei mulang
Apa kleru yen aku nyerat pangangen
Kang banjur daksampirake ing pang-pang teles
Supaya bisa nyebar tumekaning manca
Nemoni sedulur temu rina
Muncrat nglumpati kadang konang
Bukuku miber menyang Malaysia.
Baureno, 27 Juli 2017
Kapetik saka Buku Kanca Selawase
Antologi Geguritan Emi Sudarwati lan Siswa Kelas 7F SMPN 1 Baureno Taun Pelajaran 2017-2018










MONUMEN
Dening: Emi Sudarwati
Dhek wingi aku isih bisa nyawang
Ngadeg jejeg, gagah prakasa
Ing satengahe kutha
Nyapa aruh sapa wae sing liwat kana
Mesem edi, marak ati
Karya pujangga tan kena tinumbas arta
Nanging saiki
Kang mbaureksa meksa mbubrah
Monumen kuwi ndhepani bantala
Kalindhes adigunge kuwasa
Tanpa sisa
Ngilangake sejarah
Mung kanggo nyathet sejarah anyar
Saiki aku bisa nyawang monumen seje
Ngadeg jejeg, nantang kang padha mara mrene
Sapa sira, sapa ingsun
Aji mumpung
Dhuh Gusti....
Mugya tansah paring pituduh
Mring para pangemban pangembating praja
.
Baureno, 7Januari 2020
Kapetik saka Buku 20 November 2020 (20 Puisi Umi &20 Gurit Emi)



MITRA SAMIN
Dening: Emi Sudarwati
Mitraku sinebut Wong Samin
Minangka cecitraning kamardikan jati
Paring tanpa pamrih
Tan maelu timbal balik
Nadyan tansah dianggep cidra tur ala
Mitraku, ora dadi ngapa
Apa artine mahkota kanggomu?
Mitraku tak butuh kursi dampat kencana
Apa arti donya brana kanggomu?
Mitra Saminku tan butuh emas picis raja kaya
Jujur, jujur lan jujur
Kabeh kuwi kanggomu ngluwihi donya brana lan kalungguhan
Watak wantumu kadya mercusuar
Handadekake aku tansah mongkog
Lathimu kuwi minangka atimu
Tanpa ngilmu, ananging lurus laku
Nangkis prasangka
Ngugemi budaya adi luhung
Sanajan akeh kang ngendha kuna
Tebuh mring gebyaring bumi loka
Nanging mitraku
Kanggoku, sliramu mulya ing bebrayan agung
Ndonya tumekaning delahan.
Baureno, 3 September 2020
Kapetik saka Buku 20 November 2020 (20 Puisi Umi &20 Gurit Emi)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar