Senin, 19 April 2021

Gurit Saidu Karya Yusuf Susilo Hartono

Puisi Jawa utawi geguritan kontemporer anggitanipun Bapa Yusuf Susilo Hartono  menika unik.  Benten sanget kalihan buku-buku antologi geguritan saderenge. 
 Kaleresan kula sampun maca Ombak Wengi lan Serat Plerok. Kula percados, buku Menika langkung popoluler katandhingaken kalihan buku-buku saderenge. Amargi ngginakaken kalih basa. Inggih punika Basa Jawi lan Basa Indonesia.  
Sedaya kala wau miturut Kula sae sanget kangge pasinaon ing sekolah. Sanajan Gurit menika ngandhut arti ingkang Radi ewet dipunpahami, menawi namung kawaos sepisan. Nanging Karana wonten tegesipun ing Basa Indonesia, Mila Sedaya Menika saged nggampilaken pamawas.
Napa malih sasampunipun dicakaken gerakan literasi sekolah Dening Kemdikbud.  Sedaya siswa 15 menit saderengipun pasinaon kawiwitan kedah maca buku non pelajaran.  Buku SAIDU menika saged dados salah satunggaling pilihan ingkang Kedah wonten ing perpustakaan-perpustakaan sekolah. Nuwun

Emi Sudarwati, S.Pd.  Guru Basa Jawa ing SMPN 1 Baureno Bojonegoro

Tidak ada komentar:

Posting Komentar