Jumat, 20 Mei 2022

Naskah Puisi dan Geguritan Lomba TBM Kinanthi

Naskah Puisi:

Pilihan 1:

SAJADAH
kepada ibuku
Karya: R. Giryadi

Ibu...
Petualangan ini sudah begitu jauh, asam garam tak lenak kucecap.
Meski lidah melepuh-lepuh.
Dalam laut ini aku seperti ikan, bertahan dalam keruh.

Gelombang tak surut, hantam para pelabuh, yang melempar sauh pada subuh ini.
Dan dermaga ini tetaplah angkuh dan kukuh.
Hanya doamu obat paling ampuh.

Ibu...
Sungguh ini perjalanan yang teramat jauh.
Sementara aku teringat Si Malin, yang membatu bersujud pada sabdamu.
Sabda yang pernah kau ucapkan padaku, tentang anak durhaka.

Tetapi...
Ini aku anakmu ibu, bukan Si Malin.
Aku bukan batu yang bersujud karna sabdamu.
Aku bersujud pada sajadah ini sebelum subuh.
Sebelum air matamu menetes dan cakrawala merona merah.

Ibu...
Pada sajadah ini doamu jadi prasasti.
Dan aku pasti kembali.

Pilihan ke 2:

Pilihan ke 3:
*Sajadah Airmata*_
Karya: Emi Sudarwati_

Pada sepertiga malam
_*Bulan pucat*_ jadi _*bayangan jiwa* ku keruh

Di *sajadah doa*
aku *mengadu duka*    
Melepas _*selimut hasrat*_ tinggalkan _*pelukan mimpi*_                  Petaka corona mengubah mimpi air jadi api
Kami gerah dalam panasnya

Tuhan
Di sepertiga malam
Di sajadah airmata aku merayuMu jauhkan kami dari selimut duka

Gantilah  hari  nestapa
Jadi hari penuh bunga

Tuhan hanya kepadaMu kubersujud
Di atas _*sajadah cinta* 
Berjatuhan Selaksa _*airmata doa*_
 
Bojonegoro, 18 Maret 2021

Naskah Geguritan:

Pilihan 1:

Udan

Dening: R. Giryadi

udan riwis-riwis iku nggawa ati atis
aku ing kene ijen nyawang mega klawu
ora ana kluwung agegambar ing ati
ati kang wus sakala suwe garing aking
ora nate ketaman banyu kang ngucur saka padusan. 

padusan kang tumetes
saka luhku dhewe.

udan riwis-riwis iki nggawa kumandange ati 

kang ra wis-wis pingin asesujud marang kang maha sujud.
ning krentege ati kaya klawune mega
ora isa tinebak. ora isa dadi putih memplak
memplake langit kang ambane sak olap-olap.

udan riwis-riwis iki ora wis-wis
agawe ati atis. ati kang nora tumitis
ngerti pambisike hawa adem
kang mok sebulake saka
dunga rina-wengi, gur kanggo awaku
kang ndhepipis ing pinggire grimis.

Surabaya, pinggire grimis ing wanci awan, 2014


Pilihan 2:


MLESAT BARENG  UKARA
Dening: Widodo Basuki

ukara iki lumesat
      menyang langit!
              nepusi laladan-laladan sing tan kinira
tan kajangka sadurunge
jalaran ukara ngungkuli nalar

ora tak bayangake dinane
             kaya dina iki!
             seje karo dina-dina
liyane, beda karo wengi-wengi
liyane, wektu-wektu uga
             ora padha!

wis dak rajut
gelang karet kang njepretake
panah sasada lanang
dak tembus impene bocah cilik
kang mbuntoni dalan

lan aku weruh srengenge !
kaya ing wengi jaman cilikan kae
wujude mung pindha samrica kabubut
ning  wus mancorong anelahi
kuwawa madhangi jembare jagad

2012

Pilihan 3:
JAMAN INTERNET
Dening: Lestari Sahsya Maliaka

Internet wis mblusuk tekan endi papan
Pucuk gunung engga satengahing samodra
Wis ora ana wadi sing sumimpen jroning panguripan 
Kabeh diewer-ewer trawaca
Tanpa ana wates apa-apa
Sajak ora ana paugeran kang dadi gondhelane pasrawungan
Kumlewa ngudang  gambar-gambar dimensi
Kang sesriwetan ing kothak monitor 
Jare nut kemajuan jaman modern kang kudu ditasbihake
Minangka peradaban kang dadi punjering kamardikan

Ora usah anut grubyuk sing durung mesthi ana piguna ing sapadinan
Sing wigati kudu tansah bisa milah lan milih
Aja nganti ilang jati dhiri
Kleleb ing jaman sarwa instan
Njur Lirwa ing jejege iman.

Pilihan 4:
KONANG-KONANG ING RATRI
Dening: Lestari Sahsya Maliaka

Apa ta sing sejatine njalari atimu tatu cah ayu?
polatan wis ilang tanpa esem
peteng njenggureng 
nggejejer tumenggeng
tan sabawa 
Apa sing koksawang?

yen ta langit kae 
wis kelangan kelip lintang
Aja wedi cah ayu
kowe isih bisa prasapa mring edining ratri
nalika Konang-konang kekiter ing wengi 
mbokmenawa dheweke lagi nyangking warta 
saka tebih paran 
kang mencok ing kembang melathi

Ah..... mung ana sepi
Iining luh
tansaya deres
Gawe pinggeting nala
Engga parak esuk
ora ana sisik melik
Sing bisa mbokranggeh
ing antarane ibere konang-konang
Ati nglangut tanpa tepi
Kelara-lara... 
Kasiya-siya..






Tidak ada komentar:

Posting Komentar