Jumat, 20 November 2020

Pelatihan Nulis Cerkak

Pelatihan Nulis Cerkak
Dening: Emi Sudarwati
Minggu rolikur November 2020.   Sanggar Sumilak Balen makarya bebarengan karo Dinas Pendidikan Kabupaten Bojonegoro. Didukung dening TBM Kinanti, Penerbit Majas, Yayasan 3 Srikandi sejati (Y3SS) lan KBM Bojonegoro.  Nganakake pelatihan nulis cerkak kanggo calon tutor.  Panggonane yaiku ing cafe K-Noman Bojonegoro.  
Minangka narasumber ing kegiatan kasebut yaiku Djajus Pete.  Penulis cerkak kondhang asli Bojonegoro kang wis misuwur nganti tekan mancanegara.  Kebenaran Dina iku panjenengane ngenalake buku kumpulan cerkak anyar kanthi irah-irahan manuk manuk mabur.  Buku kuwi bisa dadi conto kanggo peserta, supaya gampilake anggone sinau nulis cerkak.
Jam wolu esuk panitia wis padha rawuh ing cafe K-Noman Bojonegoro.  Sanajan cafe kuwi isih durung bukak.  Karyawan ya lagi siji sing teka.  Mula panitia padha kerja bhakti ngresiki panggonan sing arep digunakake kanggo pelatihan nulis cerkak.
Pas jam setengah sanga, Pak Djajus Pete rawuh. Peserta sing wis ngumpul yaiku Emi sudarwati, Hanas Caturiyansyah, Muhammad Alim, Slamet Widodo, Yonathan Rahardjo, Elisabeth Vita, Hanung, Suheri, Lila, Denok, Suprayitno, Siti mahmudah lan  Hastuti.
pas jam songa luwih sepuluh menit, adicara kawiwitan.  Kabuka dening Emi Sudarwati minangka Pranata adicara.  Banjur sambutan, dening Lestari minangka ketua panitia.  Katerusake materi dening narasumber. Panjenengane nyritakake proses kreatif nulis cerkak.  Wiwit Saka tekaning ide kang muncul lan apa-apa kang mbangun supaya bisa dadi cerkak sing apik.
Pelatihan lumaku kanthi regeng. Akeh banget peserta Kang padha nyuwun miterang ngenani carane nulis cerkak sing apik.  Ana uga kang nyuwun miterang, apa bedane antarane cerkak karo buku harian buku harian.  Apa bisa buku harian didadekake cerkak.  Ngendikane Pak djajus Pete, buku harian isa wae dadi cerkak.  Kari pinter-pintere pengarang olehe nambahi imajinasi.  
Dengan ing pungkasaning pelatihan, kabeh peserta diparingi tugas nulis cerkak kanthi tema bebas.  Cerkak iku mengkone bakal diterbitake bareng karo narasumber.  Dening Prabeya kanggo penerbitan buku bakal digolekake saka sponsor.  Nanging yen ora oleh sponsor, mula kanggo Prabeya nerbitakr buku mau bakal ditanggung bebarengan kanthi cara urunan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar